Jefar Seorang Penulis Imajinasi

Asal Usul Kota Banyuwangi dalam Bahasa Jawa

3 min read

Wonten ing jaman biyen ing panggenan ujung wetan Jawa Timur anggadahi kerajaan ageng ingkang dipun perintah dhumateng Raja ingkang adil saha wicaksana. Raja kasebut anggadahi putra ingkang gagah ingkang asmanipun Raden Banterang. Kesenengan Raden Banterang inggih punika beburon.

“enjang niki kula badhe beburon wonten hutan, siapaken gaman beburon” ngendikanipun Raden Banterang dhumateng para abdinipun. Sak sampunipun gaman beburon sampun siap, Raden Banterang kalian pengiringipun tindak wonten hutan.

Nalika Raden Banterang mlampah kyambekan, Raden Banterang mersani kijang mlampah wonten ngajengipun. Awak dewene enggal – enggal ngoyak kijang kasebut. Saengga mlebet wonten ing jero hutan, deweke kepisah kalian pengiringipun.

“wonten pundi kijang kijang nembe \”, ngendikanipun Raden Banteran nalika kelangan jejak buronanipun.

“badhe tak padosi terus dumugi angsa” tekadipun Raden Banterang nrobos semak – semak saha kekayonan hutan. Ananging hayawan buronan kasebut mboten saged dipun temukaken, deweke dugi wonten ing bengawan ingkang bening toyanipun. Raden Banterang ngunjuk toya bengawan kasebut dumugi ical ngelakipun. Sakderengipun ical ngelake, deweke ninggalake bengawan kasebut. Ananging nembe pirang jangkah Raden Banterang mlampah, Raden Banterang tetemu kalian lare estri ingkang ayu.

“ha ? Lare estri ingka ayu sanget? Nopo leres deweke manungsa nopo setan penunggu hutan?” tanglete Raden Banterang wonten ing atinipun. Raden Banterang wanikaken nyaketi lare estri niku

“sampean manungsa napa penunggu hutan ?” tanglet Raden Banterang.

“kula manungsa” wangsuli lare estri niku kalian mesem.

Raden Banterang ngenalake awak dewenipun. Lare estri niku wangsuli “kula Surati saking kerajaan Klungkung” “kulo wonten mriki amargi nyelametaken awak dewe kula saking serangan mungsuh. Romo kula sampun gugur wonten ing mempertahanaken mahkota kerajaan” jelasipun.

Baca Juga  Asal Usul Kota Banyuwangi - Legenda Banyuwangi

Mirengaken pangendikan lare estri punika, Raden Banterang kaget mersani derita putri Raja Klungkung niku, Raden Banterang enggal – enggal nulungi lan ngajak wangsul wonten keraton. Mboten dangu sateruse raden Banterang saha Surati nikah lan mbangun keluarga ingkan bahgia.

Wonten ing satunggaling dinten, putri Raja kalungkung tindakan kyambekan menyang njaba keraton,

“Surati !, Surati !”nyeluk tiyang jaler ingkang penganggonan compang – camping.

Sak sampunipun mersani rahi tiyang jaler punika, awak dewene nembe sadar, ingkang wonten ngajengipun inggih punika kakang kandungipun ingkang asmanipun Rupaksa. Maksud tekanipun Rupaksa inggih punika badhe ngajak adinipun supayane balas dendam, amargi Raden Banterang sampun mateni ayahandanipun. Surati nyeritakaken yen awak dewene badhe dipun nikahi Raden Banterang amargi sampun anggadahi utang budi. Surati mboten purun mbantu ajakan kakang kandungipun. Rupaksa nesu mirengaken wangsulan adinipun. Ananging, awak dewene sempet maringi kenangan arupa tali sirah dhumateng Surati

“Tali sirah niki kudu sampean simpen wonten ngandap panggenan tileme sampean” pesen Rupaksa.

Tetemuan Surati kalian Rupaksa mboten dipun mangertos dateng Raden Banterang, amargi Raden Banterang saweg beburon wonten hutan. Sak nalika Raden Banterang wonten ing tengah hutan, pandangan mripatipun dipun kagetaken dhumateng tekanipun tiyang jaler ingkang penganggonan compang – camping.

“Tuan kula, Raden Banterang, keselametan panjenengan saweg cilaka ingkang dipun rencanakaken dhumateng istri panjenengan kyambek” ngendikane tiyang jaler niku

“panjenengan saged mersani buktinipun, kelawan mersani tali sirah ingkang dipun simpen wontenngandap panggenan sare panjenengan. Tali sirah niku gadah tiyang jaler ingkang nyuwun pitulungan kangge mateni panjenengan” jelasipun.

Sak sampunipun ngendika, tiyang jaler punika ical secara misterius. Raden Banterang kaget mirengaken pangendikan tiyang jaler wau. Awak dewene enggal – enggal wangsul wonten keraton. Sak sampunipundugi keraton, raden Banterang enggal – enggal menyang wonten peraduan istrinipun. Dipun padosi tali sirah ingkang sampun dipun ceritakaken tiyanng jaler menika.

Baca Juga  Naskah Drama Legenda Banyuwangi dalam Bahasa Inggris dan Artinya

 “Ha !, leres ngendikanipun tiang jaler wau! Tali sirah niki kangge bukti ! sampean damel rencana badhe mateni kula, kalian nyuwun pitulungan dhumateng tiyang ingkang anggadahi tali sirah niki” Ngarani Raden Banterang dhumateng istrinipun.

“ngoten niki nopo balesan sampean kangge kula?” ngendikane raden Banterang .

“ampun ansal ngarani. Kula mboten nate anggadahi maksud mateni panjenengan, nopo malih nyuwun pitulungan dateng tiyang jaler” wangsuli Surati.

Ananging Raden Banterang tetep wonten pendirianipun nek istrinipun ingkang sampun dipun tulungi badhe nyilakani uripipun Raden Banterang. Sak derengipun nyawanipun cilaka, Raden Banterang luweh riyen badhe nyilakani istrinipun.

Raden Banterang anggadahi niat nenggelemaken instrinipun wonten bengawan, sak sampunipun dugi bengawan, Raden Banterang nyeritakaken tetemunan kalian tiyang  jaler compang camping nalika beburon wonten hutang. Surati ugi nyeritakaken tetemuan kalian tiyang jaler cojmpang – camping. Kados ingkang dipun jelasaken Raden Banterang.

“Tiyang jaler menika ingkang maringi tali sirah dhuaten kula” Surati njelasaken maneh, supayane Raden Banterang saget luluh atinipun. Ananging Raden Banterang tetep percoyo nek istrinipun badhe nyilakani Raden Banterang.

“Kang Mas kula ! bukak ati lan perasaan panjenengan ! kula saguh mati sing penting kang mas selamet. Ananging, sukani kesempatan dhateng kula kangge nyeritakaken tetemuan kula kalian kakang kandung kula ingkang asmanipun Rupaksa” Ngendika Surati Ngelengaken.

“kakang kula ingkang badhe mateni kang mas ! kula dipun suwuni pitulungan, ananging kula tolak !”

Mirenge hal kasebut, ati Raden Banterang tetep atos saha mnganggep istrinipun ngapusi

“kang mas ! menawi toya niki dados wangi lan bening, berarti kula mboten salah ! ananging, menawi tetep buthek lan mambu banget, berarti kula ngapusi !” sentak surati

Raden Banterang nganggep pengendikan surati punika mung nganakaken, Saengga Raden Banterang enggal –enggal ngetokaken keris wonten pinggang nipun. Sesarengan punika, Surati mlumpat wonten tengah bengawan terus ical.

Baca Juga  Cerita Asal Usul Pohon Sagu dan Palem - Cerita Rakyat dari donggala

Mboten dangu, kedadean keajaiban mambu wangi sanget wonten ing sekitare bengawan. Mersani kedadean punika, Raden Banterang ngendika kalian suara gemeter

“istri kula mboten salah ! toya bengawan niki wangi ambunipun !” Raden Banterang nyesel, awak dewene nangisi kematian istrinipu, lan nyeseli kebodohanipun. Ananging, sampun telat.

Sak sampunipun kedadean punika, bengawan dados wangi, wonten basa jawa dipun sebut Banyuwangi. Asma banyu wangi saterusipun dados asma banyu wangi.

Tags : unsur intrinsik asal usul banyuwangi dalam bahasa jawa – cerita rakyat bahasa jawa – tokoh legenda banyuwangi – kumpulan cerita legenda bahasa jawa singkat-kumpulan cerita legenda dalam bahasa jawa-cerita rakyat asal usul banyuwangi-raja banterang dan surati merupakan tokoh-watak raden banterang

Jefar Seorang Penulis Imajinasi
WhatsApp chat